Senin, 15 Maret 2010

PROTOKOL MALAM JUMAT WAGE

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الحمد لله رب العلمين

وبه نستعين على امور الد نيا والد ين

والصلاة والسلام على سيدنا محمد

وعلى اله وصحبه اجمعين

لا حول ولا قوة الا بالله العلي العظيم

اما بعد

Alhamdulillah wasyukrulillah, wonten ing dalu meniko kito saged kempal kados biasanipun wonten ing dalem meniko kanti keadaan sehat wal afiat dalam rangka kintun donga, arupi wahosan Ayat-ayat suci Al Quran, Tahlil, dan Sholawat dumateng poro simbah kito ingkang sampun sumare, mugi-mugi kerawuhan kita dipun catat deneng Allah SWT minangka amal saleh ingkang pikantuk balesan ingkang tikel matikel. Amin.

Kaping kalihipun shalawat saha salam tansah kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW kanti ucapan Allahumma Shalli Ala Sayyidina Muhammad Wa Ala Ali Sayyidina Muhammad. Mugi-mugi kita sedaya benjang wonten ing dinten kiamat pikantuk syafaat ipun rasulullah SAW. Amin

Selajengipun acara ingkang bade kalampah ing dalu meniko

Sepisan iftitah bilfatihah dipun suwun barakah ipun saking Bapak H. Sulchan Noor

Kaping kalih wosan tahlil ingkang pimpinanipun dipun suwun saking Bapak H. Aminuddin

Acara ingkang kaping tigo inggih meniko do’a dipun suwun barokahipun dumateng Bapak H. Noor Hidayat

Wondene wahosan Al quran, tahlil, shalawat lan sanes-sanesipun pahalanipun khusus katujoaken dumateng para simbah kita ingkang sampun sumare. Inggih punika:

Mbah H. Abdul Muqsith Amien

Mbah Hj. Roziah

Mbah H. Noor Chamid

Mbah Hj. Kusmirah

Mugi-mugi kanti wahosan-wahosan kasebat, poro simbah soho poro sederek kito ingkang sampun sumare tansah pinaringan ramat lan maghfirohipun Allah SWT, dipun tampi sedoyo amal sholehipun, soho dipun lebetaken dateng jannatunna’im

Amin ya robbal Alamin….

Mekaten menggah acara ing dalu meniko.

Dumateng poro rama-rama kyai saha bapak ingkang kajibah nindaaken acara wekdal kaaturaken kanti berturut-turut saha dipun aturaken matur nuwun.

Kangge kawulo, mbok bilih anggen kulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo, sajak wonten salah lan lepat ipun kulo nyuwun agunging pangapunten

Wusono,

Wassalamu’alaikum warohmatullah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar