Senin, 15 Maret 2010

PROTOKOL ISTIGHATSAH 2010

Assalamu alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillahi rabbil alamin,

Wabihi nastainu ala umuriddunya waddin,

Wasshalatu wassalamu ala sayyidina wa maulana Muhammadin

Khatamil anbiya wal mursalin

Wa ala alihi washahbih ajmain

Lahaula wala quata illa billahil aliyyil adhim

Amma badu.

Fadlilatal muhtaramin, para rama-rama kyai wabil khusus

Rama K H. Masykuri,

Rama Kyai Abdul Khalik, Imam Khususi Jamaah Thoriqah Naqsyabandiyyah Qadiriyah Al Usmaniayah

Bapak-bapak Pengurus Jamaah Al Khidmah Kabupaten Kudus

saha rama-rama kyai sanesipun ingkang mboten saged kula sebat setunggal-setunggal ipun

Bapak-bapak Pengurus Yayasan Raden Umar Said wabil khusus panjenenganipun Bapak Drs.H.Saifuddin Bachri, M.Ag.

Kepala SMK Raden Umar Said Bapak Anief Farizi, S.Pd.

Para bapak, para ibu, para sederek, para siswa SMK Raden Umar Said Kudus, saha para hadirin ingkang minulya. Mboten kasupen Kepala Desa Besito beserta perangkat ipun. Sedaya ingkang kuka mulyaaken.

Sepisan, mangga sareng-sareng kita muji syukur dateng Allah SWT,

- Syukur billisan kanti ucapan Alhamdulillah wassyukrulillah ala niamillah

- Syukur bil arkan inggih punika nggina aken anggota badan kita kangge ngelampahi ibadah dateng Allah SWT

- Saha syukur bil janan, inggih menika niqadaken bilih sedaya kenikmatan, nikmatul ijad, nikmatul aqli, nikmatul iman sedaya menika fadhal saking Allah ingkang kedah kita syukuri.

Raos syukur menika penting sanget kita amalaken supados kenikmatan-kenikmatan ingkang sampun kita tampi mboten ical. Kados dawuhipun setunggalipun hadis. Asyyukru ala niamillah amanun an zawaliha.. Mugi-mugi kanti kasyukuran kita sedaya Allah tansah nambahi kenikmatan dateng kita sedaya. Amin Ya Rabbal Alamin.

Kaping kalihipun shalawat saha salam tansah kita aturaken dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW kanti ucapan Allahumma shalli ala sayyidina Muhammad wa ala ali sayyidina Muhammad. Mugi-mugi kita sedaya benjing wonten ing dinten kiamat pikantuk syafaat ipun rasulullah SAW. Amin Ya Rabbal Alamin.

Selajengipun minangka pembawa acara saha, panitia sepisan ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya khusus ipun dumateng Rama KH Masykuri saha Rama Kyai Abdul Khalik selaku Imam Khususi Jamaah Thariqah Naqsyabandiyah Qadiriyah Al Usmaniah Al Khidmah Kabupaten Kudus ingkang sampun kersa dereaken acara MAJLIS DOA DAN ISTIGHOTSAH KELUARGA SMK RADEN UMAR SAID MENGHADAPI UJIAN NASIONAL SMK TAHUN 2010. Mugi-mugi kalayan doa panjenengan, sedaya siswa SMK Raden Umar Said ingkang bade derek ujian nasional wonten ing tahun menika saged lulus 100% kanthi nilai ingkang sahe saha inggal pikantuk pendamelan sesuai kalayan cita-cita nipun. Amin Allahumma Amin.

Pramila acara ingkang bade kalampah wonten ing dalu menika

1. Iftitah bil fatihah : Bapak drs. H. Mifdholi

2. Ucapan selamat datang dari kepala SMK RUS

: Bapak Anief Farizi, S.Pd

3. Istightsah : Bapak Kyai Abdul Khaliq

4. Maulidurasul : TIM Terbang 4 Jamaah Al Khidmah

5. Sambutan pengurus yayasan : Bapak Drs. H. Saifuddin bahcri, M.Ag.

6. Mauidhoh hasanah : bapak K.H. Masykuri

7. Doa Penutup : Bapak Kyai Abdul Kahlik

8. Istirahat

Mekaten menggah acara ingkang bade kalampah wonten ing dalu menika. Akhiripun saking sedaya panitiya mbok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya sajak wonten hal-hal ingkang kirang ngresepakan dumateng penggalih panjenengan sedaya kula atas nama panitia nyuwun pangapunten.

Akhiripun saking kula pribadi mbok bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sajak wonten salah lan lepatipun kula nyuwun agunging samudra pangak sami.

Dumateng para rama kyai saha para bapak ingkang kajibah nindaaken acara wkdal kula aturaken saha dipun aturaken matur nuwun

Al alwu minkum

Wassalamualaum warahmatullahi wabarakatuh.

Oleh :

Ali Ridlo

SMK Raden Umar Said Bidang Grafika Kudus

2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar