Rabu, 02 Mei 2012

Pemberangkatan Umrah

Asslamu alaikum
Alhamdulllah …………………………………..
Fadlilatal muhtaramin para bapak2 para bu para sederek langkung2 para sepuh pini sepuh ingkang minulya
Minangka wakil saking sohibul bait. Bapak drs. h sulchan noor sekeluarga. sepisan sohibul bait tansah muji syukur dateng allah swt ingkang sampun maringi pinten2 kenikmatan.utaminipun kenikmatan iman lan islam saha sehat wal afiat. Sehingga wonten ing saat menika sohibul bait saget ngawontenaken acara punika.
Kaping kalih ipun salawat saha salam tansah dipun aturaken dating junjungan kita nabi agung Muhammad saw kanti atur alllahumma salli ala sayyidina Muhammad wa ala ali sayyidina Muhammad. Mugi2 kanti barakahipun salawat kita sedaya benjang wonten ing dinten kiamat sagetpikantuk syafaatipun kanjeng nabi Muhammad saw
Selajengipun sahibul bait ngaturaken kasugengan rawuh dumateng para bapak2 saha para ibu2 para sederek ingkang sampun kersa bucal wekdal ingkang utami saperlu rawuh wonten ing acara menika. Kanti atur marhaban ahlan wasahlan bi hudlurikum fanikmalmajiu ja a. Sahibul baitboten saget atur piwales punapa2 kejawi naming mujiakan dating allah swt kanti atur jaza kumullahu khairan katsira wataqabbalallahu minna waminkum amin. Mugi2 kerawuhan panjenengan sedaya dipun catet minangka amal saleh ingkang dipun paring balasan ingkang tikel matikel saking allah swt amin ya rabbalalamin.
Boten sanes karawuhan panjenengan sedaya dipun suwuni tambahipun doa pangestu gandeng sahibul bait. Inggih menika bapak h sulchan noor saha ibu hj surya seputri bade nindaaken ibadah umrah saha ziarah wonten ing mekah lan medinah. Mugi2 tindak ipun bapakh nor hidayat sekalian sekeluarga saha sedaya rombongan tansah dipun pernahaken deneng allah swt. wilujeng slamet kawit mulai bidal ngantos sak kondur ipun. Saget nindaaken sedaya syarat rukun wajib lan sak sunnah2 ipun ing akhir ipun dadoso umroh ingkan maqbul ingkang dipun tampi deneng allah swt.
Kejawi saking menika sahibul bait ugi nyuwun agunging samudra pangak sami atas sedaya kesalahan kekhilafan salami seserawungan kalayan panjenengan. kersa nggih bapak2 ibu2 ? alhamdulillah mugi2 kanti keikhlasan lan doa panjengan saget dadosaken gampilipun sahibul bait nindaaken ibadah.
Akhir ipun, mbok bilih sohibul bait anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya sajakwonten kekirangan arupi punapa ke mawon, papan panggenan pasogatan saha sanes2 ipun wonten ing pelaksanaan acara menika, sahibul bait nyuwun agunging samudra pangapunten
Al afwuminkum wassalamu alaikum

Tidak ada komentar:

Posting Komentar