Kamis, 11 Februari 2010

PROTOKOL NGAJEKNO

Assalamu’alaikum Warohmatullah,

Khadorotal mujabailkuromak, poro bapak-bapak, poro rawuh, poro sesepuh pini sepuh, langkung-langkung dumateng romo-romo kyai ingkang tansah kita dereaken fatwanipun. Wabil khusus dumateng bapak …………………..

Minongko wakil saking shohibul musibah, ndalu meniko tansah muji syukur dateng Allah Swt. dene punopo Allah SWT tansah maringi taufiq soho hidayahipun sahinggo sedoyo keluarga tansah pinaringan sabar lan ridlo anggenipun nampi musibah, inggih puniko kapundut ipun Almarhum Bapak/Ibu ……………. Mugi-mugi Kanti sabar lan ridlonipun sedoyo keluarga, Allah SWT tansah nambahi rahmat lan maghfirohipun dateng almarhum ……………………...

Selajengipun sedoyo keluarga ngaturaken sugeng rawuh soho matur nuwun ingkang tanpa upami, dene punopo panjenengan sedoya kerso dereaken malam tasliyah ingkang kalampah wonten ing dalu meniko. Saestu rawuhipun panjengan sedoyo meniko saged dadosaken bombong lan bingahipun manah sedoyo keluarga. Saking keluarga boten saget ngaturi piwales punopo-punopo kejawi namung mujiaken dateng Allah Mugiyo kerawuhan panjenengan sedoyo kacatet minongko amal ingkang sholeh ingkang seget kito raosaken balesanipun benjang wonten ing dinten akhirat

Mboten sanes kerawuhan panjenengan sedoyo meniko dipun suwuni barokah do’a, Arupi waosan Al Quran, tahlil, sholawat, soho sanes-sanesipun ingkang ganjaranipun kito hadiahaken khususipun dateng Almarhum Walmaghfirullah Bapak/Ibu…. …….. Mugiyo kanti wahosan-wahosan kasebat Allah SWT, Tansah nambahi rahmat lan maghfirohipun, kerso nampi sedoyo amal sholehipun, soho kerso manggenaken wonten suwarganipun Allah ingkang penuh kenikmatan, soho sedoyo keluarga tansah diparingi sabar lan ridlo, sebab kanti sabar lan ridlonipun keluarga Allah SWT bade maringi sesulih ingkang langkung sahe.

Wondene urut-urutanipun acara ingkang bade kalampah inggih meniko :

Sepindah iftitah bilfatihah dipun suwun barokahipun dumateng bapak ………………

Kaping kaleh waosan tahlil dipun suwun pimpinanipun bapak ……….

Acara kaping tiga Waosan ayat-ayat suci Al Qur’an ingkang bade dipun waos deneng bapak…………………

Selajengipun mauidhoh hasanah ingkang kaaturaken dumateng bapak………………...

Acara terakhir inggih meniko do’a dipun suwun barokahipun dumateng bapak ………

Dumateng poro bapak-bapak soho romo-romo kyai ingkang kajibah nindaaken acara dipun aturaken matur nuwun soho kersoho lumampah kanti berturut-turut

Akhiripun mbok bilih shohibul musibah anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedoyo, langkung-langkung dumateng poro sesepuh, pinisepuh soho romo-romo kyai, milai malam pertama ngantos ndalu meniko sajak wonten hal-hal ingkang kirang ngresepaken dumateng penggalih penjenengan sedoyo shohibul musibah nyuwun agunging samudra pangak sami.

Wusono, Al’afuminkum

Wassalamualaikum Warohmatullah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar