Kamis, 11 Februari 2010

PROTOKOL AHAD LEGI

Alhamdulillah dst..

.

Khadratil mujabail kuramak. Para romo-romo kyai wabil khusus romo kyai ............. ingkang tansah kita dereaken maidhoh hasanah ipun. Para bapak saha ibu haji. Sedaya tamu undangan ingkang minulya.

Sepisan. Minangka wakil saking sahibul bait. Inggih .........................................................saha sedaya keluarga tansah nglahiraken rahos syukur dateng allah swt. Kanti ucapan alhamdulillah wasysyukru lillah dene punapa ngantos saat punika sahibul bait rumahos pinaringan nikmat ingkang ageng sanget utaminipun arupi nikmat sehat wal afiat saha tetepipun iman lan islam. Sahingga wonten ing kesempata punika sahibul bait saget ngawontenaken acara

* Silaturrahim rombongan 1 KBIH Arwaniyyah tahun 2006 ingkang kaleres saat menika dawah wonten ing dalem ipun Bapak / Ibu ........................................


Kaping kalihipun sahibul bait ngaturaken kasugengan rawuh dateng panjenengan sedaya kanti atur marhaban ahlan wasahlan bihudlurikum fanikmal majiu ja’a. Saha ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami atas kerawuhan panjenengan sedaya utaminipun dumateng para ramo-romo kyai ingkang sampun kersa dereaken acara punuka. Sahibul bait mboten seged atur piwales punapa-punapa kejawi namung mujiaken dateng Allah SWT kanti ucapan jaza kumullahu khairal jaza wataqabbalallahu minkum amin.


Wondwne acara ingkang bade kalampah ing saat menika inggoh

1. iftitah bilfatihah : ..................................................

2. wahosan tahlil : ...................................................

3. doa tahlil : ..................................................

4. istirahat : ..................................................

5. sambutan : ...................................................

6. mauidoh hasanah & do’a : ...................................................

7. lain-lain

8. penutup


wondene wahosan al quran tahlil salawat lan sanessanes ipun khusuipun kahadiahaken dumateng para keluarganipun sahibul bait ingkang sampu sumare inggih punika 1,2,3

saha mboten kasupen dateng arwahpin


Bapak H. Saepul Hadi

Ibu Hj. Suwarti,

Bapak H. Tohari Maksum.


Umum ipun dateng sedaya keluarga kita ingkang sampun sumare.

Mugi-mugi kanti bantuan doa saking kita sedaya para arwah ingkang sampun sumare dipun paringi rahmat lan maghfirah saking allah SWT. Dipun ampuni sedaya dosanipun, dipun tampi sedaya amal salehipun, saha dipun paringi panggenan ingkang sak sahe-sahenipun wonten surganipun Allah SWT


Akhiripun. Mbok bilih sahibul bait anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya sajak wonten kekiranganipun. Arupi papan panggenan pasugatan lan sanes-sanesipun sahibul bait nyuwun agunging samudra pangaksami. Saking kula pribadi mbok bilih anggenipun kula matur wonten ngarsa panjenengan wonten salah lan lepat ipun kula ugi nyuwuin pangapuinten.


Dumateng para rama-rama kyai ingkang kajibah ninndaaken acara kula aturaken saged lumampah kanti tertib saha dipun aturaken matur nuwun.


Al afwu minkum . waaalamualaikum ...........


Tidak ada komentar:

Posting Komentar